Nang Borobudur Plasa, kompleks Pasar Gede Cilacap, nang tingkat nomer 3 ana nggon dolanan jenenge Happy Games. Angger nang kota gedhe ya kaya sing jenenge TimeZone kae. Nang kene ana werna-werna dolanan, bukak jam 10 esuk nganti jam 9 wengi.
Nek malem minggu apa maning terang, panggonan kiye biasane rame pisan. Bocah balita nganti remaja pada milih dolanan dewek-dewek.
Saking akehe pengunjung cokan nganti antri pas arep dolanan nang salah siji wahana sing ana nang kono.
Ora mung dolanan nggo seneng-seneng thok, sing kanggo golet kringet alias olahraga ya ana. Kaya basket karo dolanan sing nggo nari ngetutna tanda panah nang layar kae.
Nek arep dolanan kudu duwe kertune. Kertu diisi terus dienggo nang saben-saben wahana. Regane beda-beda, kena di cek karo kena diisi ulang.
Posted from WordPress Android
Mantep kang mas
rahmat nak jl.sirsidah